Rabu, 25 November 2015

Kawruh Kagunan Basa

Kawruh Kagunan Basa

1.      Tembung Saroja
Tembung Saroja ateges tembung loro utawa luwih sing meh padha tegese dirangkep dadi siji, nduweni teges mbangetake.
Tuladha:
a.       Sanak sedulur
b.      Guyup rukun
c.       Tandang gawe
d.      Was sumelang
e.       Lara lapa

2.      Yogyaswara
Yogya = becik. Yogya Swara = swara sing becik.
Tembung Yogya swara ateges tembung loro sing dirangkep dadi siji sing ngarep tiba swara “a” sing mburi tiba swara “i”, nduweni teges lanang wadon.
Tuladha:
a.       Dewa-dewi
b.      Pemudha-pemudhi
c.       Hapsara-hapsari
d.      Widadara-widadari
e.       Yaksa-yaksi

3.      Tembung Garba
Tembung Garba utawa Sandhi. Yaiku tembung loro sing dirangkep dadi siji nanging nganggo ngurangi cacahing wanda. Wanda = suku kata (Bahasa Indonesia).
Tuladha:
a.       Prapta + ing = prapteng
b.      Iya + iku = yeku
c.       Nara + pati = narpati
d.      Raja + endra = rajendra
e.       Sura + ing = sureng

4.      Tembung Plutan
Tembung Plutan tegese tembung sing diringkes cacah ing wanda supaya luwih sathithik. Upamane tembung para bisa diringkes utawa dipluta dadi “pra”, dene tegese ora owah.
Tuladha:
a.       Serat dipluta dadi srat
b.      Suwara dipluta dadi swara
c.       Weruh dipluta dadi wruh
d.      Sarana dipluta dadi srana
e.       Sari dipluta dadi sri

5.      Kerata Basa (Jarwa dhosok)
Uga diarani jarwa dhosok. Kerata tegese udhar utawa ngudhari. Kerata basa tegese tetembungan sing diudhari utawa dipirit, nanging dadi mathuk karo kekarepane.
Tuladha:
a.       Wedang = gawe kadang
b.      Brekat = mak brek diangkat
c.       Kodhok = teka-teka ndhodhok
d.      Kupluk = kaku tur cempluk
e.       Guru = digugu ditiru

6.      Rura Basa
Rura tegese rusak utawa salah. Rura basa tegese basa sing wis rusak utawa luput, nanging yen dibenerake dadi saya salah. Mula rura basa uga diarani basa sing salah kaprah.
Upamane:
Tembung nguleg sambel iku ora bener. Benere nguleg lombok, trasi, uyah, tomat, moto, lan sapiturute. Nanging yen dibenerake kaya ing ndhuwur iku malah bisa digeguyu dening wong akeh.
Tuladha:
a.       Ngenam kepang
b.      Nggodhog wedang
c.       Adang sega
d.      Menek jeruk
e.       Menek krambil

7.      Baliswara
Baliswara yaiku tembung loro utawa luwih sing karangkep dadi siji, nanging tembung sing menehi katrangan manggon ing sangarepe tembung sing diterangake ing basa Indonesia diarani tetembungan utawa ukara sing nyalahi pola (hukum) DM.
Gunane baliswara kanggo njumbuhake pathokan utawa guru lagune tembang macapat.
Tuladha:
a.       Rajaputra
b.      Pancasila
c.       Surya Atmaja
d.      Anoman malumpat sampun
e.       Ki Gajah Mada asmane

8.      Tembung Entar
Entar = silih = ampil.
Tembung entar tegese tembung-tembung sing duwe teges ora sabenere. Ing basa Indonesia diarani kiasan utawa ungkapan.
Tuladha:
a.       Gedhe atine
b.      Dawa tangane
c.       Jembar segarane
d.      Udan tangis
e.       Adus kringet

9.      Cangkriman
Cangkriman = batangan = badhean.
Tegese tetembungan sing kudu dibatang kekarepane, amarga tetembungan mau nduweni teges ora sabenere.
Warna-warnane Cangkriman:
a.       Cangkriman tembang
Tuladha:

Pocung

Bapak pucung rupane saengga gunung,
Tan ana kang tresna,
Kabeh uwong mesthi engit,
Yen kanggonan dielus-elus tinangisan

b.      Cangkriman wancah
Tuladha:
1)      Pak boletus = tepak kebo lele satus
2)      Pindhang kileng = sapi nang kandhang, kaki mentheleng
3)      Pak lawa = tepak ula dawa
4)      Pak kenthik = tepak teken sethithik

c.       Cangkriman pepindhan (irib-iribaning barang)
Tuladha:
1)      Sega sekepel dirubung tinggi = salak
2)      Pitik walik saba meja = sulak
3)      Gajah nguntal sangkrah = pawon
4)       Kebo bule cancang merang = buntil

10. Bebasan lan Saloka
Bebasan yaiku tetembungan utawa unen-unen kang ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan. Sing dipindhakake kaanane wong utawa barang.
Saloka yaiku tetembungan kang ajeg panganggone, ngemu teges entar lan surasa pepindhan, kang disalokakake kaanane wonge.
Tuladha Bebasan:
a.       Wis kebak sundukane                          =  wis akeh dosane
b.      Ngaup ngisor awar-awar                    =  njaluk pitulungan wong ringkih
c.       Ngubak-ubak banyu bening                =  gawe rerusuhe papan tentrem
d.      Cebol nggayuh lintang                       =  kedhuwuren panjangka
Tuladha Saloka:
a.       Gajah ngidak rapah                              =  wong kang nglanggar marang wewalere dhewe
b.      Sumur lumaku tinimba                        =  wong kang kumudu-kudu dijaluki warah
c.       Kebo kabotan sungu                            =  wong kang ngrekasa uripe marga kakehan anak
d.      Kebo nusu gudel                                  =  wong tuwa njaluk warah anak

11. Paribasan
Paribasa yaiku tetembungan utawa unen-unen kang ajeg panganggone, mawa teges entar (kiasan) nanging ora ngemu surasa pepindhan.
Tuladha:
a.       Yitna yuwana lena kena                      =  sing sapa ngati-ati bakal slamet, sapa kurang wiweka bakal cilaka
b.      Ana catur mungkur                             =  ora gelem melu urusaning liyan
c.       Wiwit kuncung nganti gelung          =  wiwit bocah nganti tuwa
d.      Kadang konang                                   =  ngaku sedulur yen katon sugih
Cathethan : Bebasan, saloka, lan paribasan iki luwih akeh dirembug ing wulangan kawruh basa. Dene bukune bisa ngagem buku-buku ngemi-emi basa Jawi anyar. Nyinau basa lan sastra Jawa, basa Jawi gagrag anyar Wulang basa, Mardi basa, lan sapanunggalane.
12. Parikan
Parikan yaiku tetembungan utawa unen-unen sing nduweni pathokan utawa paugeran ajeg.
Upamane:
a.       Cacahing wanda ukara sapisan, kudu padha karo ukara kapindho.
b.      Ukara sing ngarep mung kanggo bebuka dene ukara sabanjure minangka isi utawa “wose”.
c.       Tibaning swara ukara sapisan, kudu padha karo ukara kapindho.
d.      Parikan bisa kedadean saka rong gatra, nanging bisa uga 4 gatra.
Tuladha:
a.       Wajik klethik gula jawa
Kalah dhisik ora papa
b.      Tawon madu ngisep sekar
Calon guru kudu sabar
c.       Kembang menur ditandur ing pinggir sumur
Yen wis makmur aja lali mring sadulur
d.      Abang-abang gendera Landa
Ana sing ijo kok milih putih
Bujang maneh ora ngluyura
Sing wis duwe bojo ora tau mulih.

13. Purwakanthi
Purwakanthi tegese aksara, swara utawa tetembungan sing padha ing sajroning ukara. Ing basa Indonesia diarani persamaan bunyi utawa sajak.
Purwakanthi kaperang dadi telu:
a.       Purwakanthi Guru Swara yaiku purwakanthi sing padha swara ing pungkasane tembung.
Tuladha:
1)      Sapa jujur bakal makmur.
2)      Ora cepet ora ngliwet.
3)      Ora ngedan ora keduman.
4)      Aja dahwen ati open.
b.      Purwakanthi Guru Sastra yaiku purwakanthi sing padha tulisane utawa aksarane ing saben wiwitan wanda utawa tetembungane.
Tuladha:
1)      Sing sapa salah seleh.
2)      Laras lurus laris leres.
3)      Bibit bebet bobot.
4)      Titi titis tatas lan trengginas.
c.       Purwakanthi Lumaksita (guru basa) yaiku purwakanthi sing padha kabeh tetembungane.
Tuladha:
1)      Bayem arda, ardane ngrasuk busana.
2)      Raja putra, putra daleme ngastina.
3)      Pandhu suta, suta madyaning Pandhawa.
4)      Witing tresna, tresnane mung sawetara.

14. Sanepa
Sanepa yaiku unen-unen sing saemper pepindhan, kadhapuk saka tembung kaanan lan tembung aran, nanging nduweni teges kosok balen karo kaanane.
Upamane : pait, tembung kaanan, madu tembung aran, dadi pait madu. Dene tegese pait madu ora pait, nanging malah legi banget.
Tuladha:
a.       Legi bratawali
b.      Kuru semangka
c.       Peret beton
d.      Kumepyur pulut
e.       Dhuwur kencur

15. Wangsalan
Wangsalan yaiku unen-unen utawa tetembungan sing saemper cangkriman, nanging batangane wis dikandhakake. Mung anggone ngandhakake ora kanthi melok, jelas utawa cetha. Nanging sarana disebutake sawanda utawa luwih.
Tuladha:
a.       Jenang gula, kowe aja lali.
b.      Sekar aren, sampun dangu-dangu.
c.       Njanur gunung, kadingaren kok wis rawuh.
d.      Mrica kecut, muni kok sing ora nyata.
e.       Mbalung klapa, geleme ethok-ethokan.


1 komentar: