Gugon
Tuhon
Gugon
= sipat utawa wewatakan sing gampang banget nggugu marang guneme wong utawa
dedongengan.
Tuhon = sifat utawa wewatakan
sing gampang mituhu manut marang guneme wong utawa dedongengan. Dai gugon tuhon
iku watak kang gampang banget nggugu lan manut guneme wong utawa dedongengan
sing maune ora perlu digugu amarga ora ana bukti nyatane.
Mung bae ature Pak Cipto Adi
pinangka pangimpun cathethan iki, nyumanggakaken marang para siswa. “Pracaya mangga maido
kena”. Manut wong-wong sing nggugu marang gugon tuhon mratelakake yen ora
nggugu marang gugon tuhon bakal nemu bebendu utawa sesiku, kayata:
a.
Dadi memangsane Bathara Kala.
b.
Bisa sangsara panguripane.
c.
Bisa anake entek mati.
d. Bisa ora kedawa umure.
Kanggo nebus kaluputane kudu disranani
nanggap wayang lakon “Murwa Kala”, slametan kanggo ngilangi bebendu iku diarani
“Mruwat”. Dene sing klebu gugon tuhon ana warna loro, yaiku:
A.
Wasita Sinandhi
B.
Bocah Sukerta
Katerangan:
A. Wasita Sinandhi
Wasita Sinandhi tegese pitutur
kang sinamun ora dilahirake kanthi satemene. Padatan liyane gugon tuhon kang
awujud Wasita Sinandhi iki diarani “Aradan”,
lumrahe malah dikantheni tembung “ora
ilok” kang satemene “ora becik”.
Tuladha:
1.
Gawe omah tanpa tutup keyong.
2.
Wong nugelake gandhik, lan nggempalake pipisan.
3.
Ngrubuhake dandang.
4.
Omah sing lawange lan butulane terusan.
5.
Seneng kudhung kukusan.
6.
Mangan lungguh pipen lawang.
7.
Mbuwang tuma.
8.
Ngandhut lungguh tampah.
9.
Sumur ing ngajengan.
10. Seneng
lungguh ing bantal.
11. Wong
mangan karo turon.
12. Ngidoni
genthong utawa sumur.
13. Menehi
dijaluk bali, mundhak bali gondhok.
14. Nguyuh
karo ngadeg, apa maneh wanita.
15. Wanita
lungguh jegang.
B. Bocah Sukerta
Kang diarani Bocah Sukerta
yaiku bocah kang manut kapercayan, bisane slamet lan urip kudu diruwat, lan
ditanggapake wayang lakon Murwakala. Bocah Sukerta iku lamun wis diruwat wis
ora klebu memangsane Bathara Kala, satemah bisa lestari uripe.
Bocah utawa anak sing klebu sukerta:
1.
Bocah ontang-anting = Bocah
lanang siji tanpa tunggal.
2.
Bocah unting-unting = Bocah
wadon siji tanpa tunggal.
3.
Bocah uger-uger lawang = Bocah
lanang loro kakang adhi.
4.
Bocah kembang sepasang = Bocah
wadon loro kakang adhi.
5.
Bocah cukil dulit = Bocah
wadon telu kakang adhi.
6.
Bocah gotong mayit = Bocah
lanang telu kakang adhi.
7.
Bocah saka panggung = Bocah
lanang papat kakang adhi.
8.
Bocah sarimpi = Bocah wadon papat kakang adhi.
9.
Bocah pandhawa = Bocah lanang lima kakang adhi.
10.
Bocah panca gati = Bocah wadon lima kakang adhi.
11.
Bocah kendhana kendhini = Bocah
loro lanang wadon kakang adhi.
12.
Bocah sendhang kapit pancuran = Bocah
telu lanang, wadon, lanang, kakang adhi.
13.
Bocah pancuran kapit sendhang = Bocah
telu lanange ana tengah, kakang adhi.
14.
Bocah kembar = Bocah kang lahir bareng.
15.
Bocah gondhang kasih = Bocah
kembar ireng lan bule/pakulitane beda.
16.
Bocah dhampit = Bocah kembar lanang wadon.
17.
Bocah kerandha = Bocah kembar nunggal bungkus.
18.
Bocah bungkus = Bocah lahir sabungkuse.
19.
Bocah tawang gantungan = Bocah
kembar lahire ganti dina.
20.
Bocah ipil-ipil = Bocah lima, siji wadon papat lanang.
21.
Bocah pondangan = Bocah lima, siji lanang papat wadon.
22.
Bocah margana = Bocah lahir ing tengah dalan.
23.
Bocah jempina = Bocah lahir durung ganep sasine.
24.
Bocah gilir kacang = Bocah
lahit urut lanang lan wadon.
25.
Bocah julung caplok = Bocah
lahir bareng surup surya.
26.
Bocah julung kembang = Bocah
lahir bareng pletheking surya.
27.
Bocah julung sungsang = Bocah
lahir beneri tengah awan.
28.
Bocah sumala = Bocah cacat wiwit lahir.
29.
Bocah wahana = Bocah lahir bareng ana keramean.
Bocah wuyungan = Bocah
lahir bareng kesripahan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar